Kula badhe nanggapi seratan Bapak Soedjarwo ing “Blencong” sakwetawis wekdal kapengker. Sebatan Eyang pancen aslinipun saking trah ngaluhur. Menawi tiyang limrah, sakpunika saged kemawon, malah kathah kawula alit ingkang mbasakaken wayahipun mawi sebatan Eyang inggih mboten merugaken punapa-punapa.
Kuwalat inggih mboten, kacilakan inggih mboten, sebab zaman sampun owah gingsir, sedaya tiyang rumaos sami (pancen inggih mekaten).
Putra dalem saking prameswari kasebat Gusti Raden Mas (GRM), menawi putri kasebat Gusti Raden Ajeng (GRA) lan menawi sampun krama kasebat Gusti Raden Ayu (GRAy).
Ingkang miyos saking selir, putra kakung kasebat Bandoro Raden Mas (BRM), putri kasebat Bandoro Raden Ajeng (BRA), menawi sampun krama sinebat Bandoro Raden Ayu (BRAy).
Buyut Dalem ngantos ngantos wareng, menawi kakung kasebat Raden Mas (RM), menawi putri Raden Ajeng (RA), menawi sampun krama Raden Ayu (RAy).
Wiwit utheg-utheg, gantung siwur, petarangan bubrah, lap, sebatan kantun Raden (R), menawi putri Raden Roro (Rr), saksampunipun krama sinebat Raden Nganten (RNg).
RM Ismunandar C (EI)
Salatiga Permai VI/140-141, Salatiga
SM, Kamis 3 Agustus 2006
Senin, 08 Desember 2008
Langganan:
Postingan (Atom)